Breaking News

Kritik dan Saran

Wednesday, October 29, 2014

Asu Ajag lan Manuk Gagak



Ana asu ajag lumaku urut pinggiring kali, sarta angambus-ambus, kapengin mangan kang enak-enak sanalika weruh manuk gagak mencok ing epang, anggondhol daging, olehe nyolong, nedya dipangan ana ing kono. Ciptaning asu ajag lah-dalah, daging iku duweku ora-orane gagak dadi isening telihmu, yen luput kena ing ngaku, dudu asu ajag aranku. Asu ajag ambek julig banjur marani uwit tembunge: adi temen manuk iku, wulune becik irenge meles gumunku ngudubi lali, sajeg aku durung tumon manuk kang becike ngungkuli iku, saupama iku luntasa tuwin pinunjula ing swara, temen-temen dak sebut retuning manuk. Manuk gagak mongkog angrungu tembung kaya mengkono, sumedya mamerake swarane, bareng muni daginge runtuh, banjur diplayokake ing asu ajag.
Eliding dongeng mengkene: aja pracaya marang wong kang nandukake pangonggrong, ora wurung andadekake kasusahanamu.

Read more ...
Designed By VungTauZ.Com